Wikimedia Commons (uga karan "Commons" utawa "Wikicommons") iku papan panyimpenan gambar-gambar lan barkas-barkas multimédia kanthi lisensi bébas. Commons wujud proyèk saka Yeyasan Wikimedia. Barkas-barkas kang diamot bisa dipigunaaké kaya déné barkas-barkas kang diamot ing saben proyèk.
Proyèk iki diusulaké wulan Maret 2004 lan diluncuraké tanggal 7 September 2004. Sasaran mligi Commons iku kanggo ngilangaké duplikasi barkas kang dumadi ing proyèk-proyèk Wikimedia sadurungé ana Commons. Fitur supaya bisa migunakaké barkas-barkas saka Commons saka kabèh proyèk Wikimedia diimplementasikké wulan Oktober 2004.[1]
Wikimedia Commons ora ngentuki pamotan barkas-barkas kang duwé hak cipta. Lisensi kang ditampa ya iku GNU Free Documentation License, lisensi Creative Commons kanthi tanpa watesa panggunaan lan domain umum.