Segitiga Bermuda![]() Segitiga Bermuda (basa Inggris: Bermuda Triangle) utawa kang misuwur kanthi sesebutan Segitiga Sétan (Devils Triangle) yaiku panggonan kang ana ing Samodra Atlantik kang minangka garis segitiga antara Bermuda, wewengkon teritorial Karajan Manunggal minanga titik ing laladan lor, Puerto Riko, tèritorial Amérikah Sarékat minangka titik ing laladan kidul lan Miami, praja Florida, Amérikah Sarékat minangka titik ing laladan kulon.[1] Panggonan iki ambané 1,5 juta mil² atau 4 juta km².[2] Segitiga bermuda dianggep misterius banget. Ana isu paranormal kang ngandharaké kenapa akèh kapal lan pesawat kang ilang.[3] Ana sing carita yèn iku pancèn tandha-tandha alam, mula ora èntuk léwat kana. Ana uga kang carita yèn iku amarga makhluk akasa jaba.[4] SajarahNalika ngulandara ing laladan Bermuda taun 1492, Christopher Columbus nyathet kabèh kaanan kang ana ing laladan iku. Nalika iku kompas bola-bali owah, ora ngerti apa sebabé.[5] Kamangka nalika iku cuaca ya cerah-cerah waé. Saliyané iku, nalika wengi awak kapalé weruh bal-bal geni kang tiba menyang sagara. Dhéwekè uga weruh sinar kang cumlorot saka dhuwur kaya meteor lan ora suwé banjur ilang. Columbus uga nyathet piranti navigasi kerep ujug-ujug mati dhéwé.[2] Pirang-pirang prastawa ilang ing panggonan iku pisanan didokumentasi déning E.V.W. Jones saka kalawarta Associated Press ing taun 1951. Jones nulis artikel babagan ilange prastawa ilang kanthi misterius kang dialami déning montor mabur lan sagara ing panggonan iku lan ngarani panggonan iku kanthi sesebutan ‘Segitiga Setan’. Kaya mangkono iku kang dicaritakake manèh déning Fate Magazine kanthi artikel kang digawé déning George X. ing taun 1965. Vincent Geddis ngarani panggonan iku kanthi sesebutan ‘Segitiga Bermuda yang mematikan’. Segitiga bermuda minangka panggonan kang ana ing ngisor sagara, ing kana ana piramida gedhé kang ukurane luwih gedhé tinimbang piramida kang ana ing Kairo, Mesir. Piramida iku adohe saka pucuk piramida lan lumah sagara kira-kira 500 m, ing pucuk piramida iku ana rong bolongan kang luwih amba. Prastawa![]() Akèh prastawa kadadéan ing segitiga bermuda kang asipat misterius. Pamaburan 195 Dhésèmber 1945 awan, lima pesawat pembom torpédho Avenger lunga saka Naval Air Station ing Fort Lauderdale, Florida, karo Letnan Charles Taylor minangka komandan lan 13 murid juru anggegana. Nalika kartengah jam mabur, kanthi radhio Taylor carita yèn kompas iku ora obah, nanging dhèwèké ngira-ira yèn dhèwèké ana ing panggonan ing Florida. Létnan kang nrima sinyal radhio iku mréntah Taylor mabur menyang lor Miami. Nalika iku, dhéwékè yakin yèn dhéwékè ana ing dhuwur Florida. Sanadyan dhéwékè juru anggegana kang berpengalaman, Taylor èntuk kanyatan kang medeni lan dhéwékè ngupaya metu saka Florida. Taylor lan anak buwahé metu saya adoh menyang laut.[3] Nalika wengi, ujug-ujug sinyal radhio dadi èlèk, nganti pungkasané ilang. Angkatan laut Amérika nylidhiki lan nglaporaké yèn bingungé Taylor kang ndadékaké bencana, nanging ibuné ngyakinaké Angkatan laut Amérika ngowahi lapuran resmi yèn pesawat iku tiba kanthi sebab kang ora dingertèni.[1] Pamaburan 201Pesawat Cessna lunga saka Fort Lauderdale tanggal 31 Maret 1984, kanthi rute menyang Pulau Bimini ing Bahama, nanging ora tau bisa. Ing tengah dalan, pesawat dialonaké kanthi kecepatan kang signifikan. Nanging ora ana sinyal radhio kang digawé saka pesawat kang ngatonaké tekanan. Makbedunduk, pesawat tiba saka akasa ing banyu, bener-bener ilang saka radar. Ana wong wadon ing Pulau Bimini sumpah dhéwékè weruh pesawat kang tiba ing sagara adohé kira-kira samil saka pasisir, nanging ora ana kang bisa nemu reruntuhan pesawat.[4] USS CyclopsNalika isih panas-panasé Perang Dunia I, Amérika uga mèlu perang. USS Cyclops, dipréntahaké déning Létnan GW Worley, kang tinggal ing Pasisir Timur Amérikah Sarékat nganti taun 1918 nalika dhéwékè dikirim menyang Brazil kanggo ngisi bahan bakar kapal-kapal Sakuthu. kanthi 309 wong ing jero pesawat, kapal lunga saka Rio de Janeiro ing sasi Fèbruari lan tekan Barbados ing sasi Maret. Sawisé iku, Cyclops ora tau keprungu manèh. Angkatan Laut ngandharaké ing tetélan resmi, “Ilangé kapal iku wis dadi salah siji misteri kang paling mbingungaké sajeroning sajarah Angkatan Laut. Ora ana mungsuh kapal selem ing Atlantik Kulon nalika iku, lan ing Dhésèmber 1918 akèh upaya kang dilakokaké kanggo ngèntukaké sumber-sumber Jerman informasi ngenani ilangé kapal.[5][6] Kronologi Prastawa-Prastawa kang Misuwur
Pirsani ugaKapustakan
Pranala njaba
|