Scanner![]() Scanner utawi wonten ing Basa Indonesia Pemindai inggih punika salah satunggaling piranti komputer ingkang ginanipun kanggé mindhah data saha barang awujud dhokumèn, foto, gelombang, suhu lan sanès-sanèsipun. Asiling pindahan punika padatanipun dipun-transformasi-aken dhateng komputer minangka data digital. Scanner punika piranti elektronik ingkang gadhah fungsi sami kaliyan mesin fotokopi. Mesin fotokopi punika asilipun saged katingal wonten ing kertas, déné scanner punika asilipun mlebet dhateng komputer. Wonten ing sistem komputer, scanner punika piranti masukan ingkang ngasilaken gambar digital [1]. SajarahPanemu scanner punika 'Rober S. Ledley ingkang wiyos wonten ing New York, Amérikah Sarékat ing taun 1926 [2]. Sajarah pangembangan scanner punika kawiwitan taun 1975, nalika Ray Kurzweil sareng tim nyipta Kurzweil Reading Machine saha piranti lunak Omni-Font OCR (Optical Character Recognation) Technology. Piranti lunak punika ginanipun kanggé ngenali teks wonten ing objek ingkang dipunpindai lajeng dipuntarjemahaken dados data awujud teks. Saking purwanipun pangembangan punika tèknologi scanner trus ngembang dumugi sapunika. Sapunika scanner sampun saged kanggé mindai objek tigang dhimènsi lan filem négatif. Wujud lan ukuranipun ugi warna-warna, wonten ingkang saukuruan kertas folio, wonten ingkang saukuran kertu pos, lajeng ingkang paling énggal punika ingkang kaluncuraken déning Perusahaan Wizcom Tehnologies Inc. Scanner kanthi ukuran pena ingkang saged nyimpen dumugi 1.000 halaman teks. Scanner mau dipunwastani Quicklink kanthi bobot 3 ons lan dawanipun 6 inchi [2]. Cara kerja scanner
KonèksiKanggé koneksi antawisipun komputer lan scanner, saged ngginakaken interface kados ta:
Wonten jinis konèksi saking scanner dhateng komputer ingkang umum kaginakaken, ing antawisipun:
Manéka warna jinising scanner gumantung kaliyan ginanipun kaliyan cara kerjanipun, inggih punika:
Cathetan suku
|