Project X nggih punika filem drama komedi saking Amérikah Sarékat taun 2012. Filem punika kaarahaken déning Nima Nourizadeh. Skénario dipun anggit déning Michael Bacall lan Matt Drake, dipunangkat saking cariyos pakaryanipun Bacall. Juru damel ingkang kajibah wonten filem punika Todd Phillips. Juru paraga ingkang sami kadhapun maragani antawiwipun Thomas Mann, Oliver Cooper, lan Jonathan Daniel Brown.[1][2][3][4] Sasampunipun pungkas ing panggiyaran, filem punika kasil ngempalaken arta dumugi $102,7 yuta, kangmangka ardhana ingkang sampun medal kagem kabetahan pendamelan namung $12 yuta, ingkang ateges filem punika kalebet reja ing ranah box office.
Juru paraga
Pemeran sanèsipun: Miles Teller, Martin Klebba, Rick Shapiro, Rob Evors, Caitlin Dulany, Peter MacKenzie, Nichole Bloom, Jesse Marco, DJ. Jillian Reynolds lan Jimmy Kimmel minangka cameo ingkang maragani minangka piyambakipun.
Box office
Wiwit panggiyaran ing box office, filem punika kasil ngempalaken arta dumugi $54.7 yuta saking Amerika Ler lan $48 saking negari sanèsipun, kanthi gunggung $102.7 juta, nglangkungi ardhana ingkang sampun medal kagem kabetahan pendamelan, nggih punika $12 yuta.
Bebungah
Rujukan
Pranala njawi