OperaOpera yaiku jeneng Italia kanggo drama kang diwujudaké musik (vokal, instrumental, lan kala-kala disartani jogèd utawa beksan), asipat kadonyan.[1] ![]() Opera ing ItaliaFlorenceOpera wiwit ngrembaka kang pisanan ing Florence utawa Italia Lor.[2] Ing ngisor pimpinan ksatria kang jenengé Giovani Bardi, pangeran ing Vernio (1534-1614).[2] Dené, dhèwèké ora arep nyiptakaké jinis musik anyar (opera), nanging mung kepéngin minangka drama Yunani kang muniné uga nggunakaké musik.[2] Asal-usul opera cukup prasaja (prasaja): drama Yunani kang pertalan Itali dideklamasikaké karo tembang solo vokal karo iringan pira-pira piranti musik.[2] VenetiaIng Venetia, ana komponis kang nyempurnakaké wujud musik iki, yaiku Claudio Monteverdi.[3] Monteverdi lair ing kutha Cremona (Italia Lor) kang misuwur kanthi kutha panggawé piyul.[3] Jasa Monteverdi yaiku dhèwèké usaha kanggo ngungkapaké makna ing jero musik.[4] Opera kang kapisan karangan Monteverdi duwé irah-irahan Orfeo taun 1607.[4] Opera iki dipentasake kapisan ing Mantua ing dina tanggap warsané Fr. Gonzaga.[4] Ciri Khas Opera VenetiaOpera gaya Venetia sugih ing resitatif lan accompagnato (liris utawa dramatis), arioso lan aris (kanthi iringan cembalo utawa orkes, ansambel).[5] Nanging, paduan swara lan balèt ora ana amarga babagan biaya.[5] RomaIng Roma, ngrembaka siji gaya khas, yaiku Opera Rohani.[5]. séje iku, Roma uga dadi panggonanan lairé opera buffa utawa opera jenaka.[5] NapoliNapoli ing akir abad-17 miwiti dadi pusat vokal, amarga ing kéné ana papat konservatori sarta sekolah-sekolah vokal swasta kang misuwur ing Éropah.[5]
Opera ing Prancis
Ballet de cour yaiku jogèd pura.[6] Jinis kagunan iki ditujokaké kanggo pujian marang sang Raja, awujud adegan-adegan kang ditarékaké utawa ditembangakè utawa disajekaké kanthi cara akrobat.[6]
lumebu ing jinis balet komedi.
Pelopor opera-balet yaiku Jean-Philippe Rameau (1683-1764).[6] Rameau ngarang 26 Opera, nanging musiké ora diterima kabéh pihak.[6] Opera ing InggrisIng wiwitan abad 17 ing Inggris wis ana siji pelopor opera kang istilahé Masque.[6] Diarani kaya mangkono, sebab para peran migunakaké topeng (masque).[6] Masque ngalami mangsa jaya wektu pementasan The Triumph of Peace kang naskahé dikarang déné Shirley.[6] Musiké ditulis William Lawes lan Simon Ives.[6]
|