Kabupatèn Acèh Singkil
![]() Kabupatèn Acèh Singkil iku salah siji kabupatèn ing Provinsi Acèh, Indonésia. Kabupatèn Acèh Singkil minangka pamekaran saka Kabupatèn Acèh Kidul lan sapérangan wewengkoné dumunung ana ing kawasan Taman Nasional Gunung Leuser. Kabupatèn iki dumadi dumadi saka loro wewengkon, yaiku dharatan lan kapuloan. Kapuloan sing dadi péranganing Kabupatèn Acèh Singkil yaiku Kapuloan Banyak. Kutha krajan Kabupatèn Acèh Singkil dumunung ing Singkil. Singkil dumunung ing jalur kulon Sumatra sing ngubungaké Banda Acèh, Medan lan Sibolga. Nanging, jaluré luwih wujud gunung-gunung lan perlu akèh sing didandani supaya wewengkon iki ora kepencil. PamaréntahanBupatiBupati Makmur Syahputra lan Wakil Bupati Khazali Bahar dilantik déning Gubernur Acèh Irwandi Yusuf tanggal 26 Maret 2007. Kacamatan
RéferènsiDeleng ugaPranala njaba
|