Pratélan Objèk NGC 2001-3000 inggih punika salah satunggaling pratélan ingkang ngewrat Objèk NGC 2001-3000. Informasi ingkang kamot wonten ing tabèl punika dipunpendhet saking The Complete New General Catalogue and Index Catalogue of Nebulae and Star Clusters olèh J. L. E. Dreyer,[1] yang di akses melalui VizieR Service (website: http://vizier.u-strasbg.fr/viz-bin/VizieR), database NASA/IPAC Extragalactic (website: http://nedwww.ipac.caltech.edu/), dan database astronomi SIMBAD (website: http://simbad.u-strasbg.fr/simbad/).
New General Catalogue (utawi ingkang asring dipuncekak NGC) inggih punika salah satunggaling jinis katalog astronomi ingkang misuwur wonten ing dunya astronomi. Katalog punika dipunsusun déning John Louis Emil Dreyer nalika taun 1888. Ngantos sapunika, NGC gadhah kirang langkung 7.840 objek ingkang misuwur kanthi sebatan objek NGC. Katalog punika inggih kalebet katalog ingkang paling komplit ingkang nyangkup sadaya jinis objek akasa, lan boten kawates wonten ing galaksi. Emil Dreyer ugi medalaken kalih seplemen ingkang misuwur kanthi sebatan Index Catalogues (utawi ingkang asring dipuncekak kanthi nama IC). IC ingkang sepisanan dipunwedalaken ing taun 1895 lan ngewrat kirang langkung 1.520 objek, déné IC ingkang kaping kalih dipunwedalaken ing anawispun taun 1908 lan ngewrat kirang langkung 3.866 objèk, saéngga totalipun wonten kirang langkung 5.386 objek IC. Objek ingkang wonten ing belahan langit sisih kidul kirang saged dipundamel katalog kanthi jangkep, sanajan sadaya objek kasebat sampun kathah dipuntingali déning John Herschel utawi James Dunlop. Kathah kalepatan ingkang wonten ing NGC, sanajan sampun wonten kupiya kanggé ndandosi katalog ingkang sampun dipunrinti déning proyek NGC/ IC sasampunipun wonten kupiya parsial kaliyan Revised New General Catalogue (RNGC) déning Sulentic lan Tifft ing taun 1973, lan NGC 2000.0 déning Sinnot ing taun 1988.
Galaksi NGC 2841 tebihipun namung 46 yuta taun cahya ingkang saged kapanggih wonten ing konstelasi Ursa Major utara. Galaksi punika mameraken wosipun ingkang jene ingkang katingal nyolok sanget lan cakram galaksi. Jalur lebu jambon minangka laladan kanggé damel lintang lan gugus lintang biru enem ingkang dipuntandur wonten ing lengen galaksi. Galaksi NGC 2841 gadhah dhiameter ingkang langkung saking 150.000 taun cahya, ugi saged langkung geng saking galaksiBima Sakti.[2]
Dèklinasi]]
{{cite book}}
|author=