Pratélan obyèk NGC 4001 - 5000 inggih punika salah satunggaling pratélan ingkang ngewrat Objèk NGC 4001 - 5000. Informasi ingkang kamot wonten ing tabèl punika dipunpendhet saking The Complete New General Catalogue and Index Catalogue of Nebulae and Star Clusters olèh J. L. E. Dreyer,[1] yang di akses melalui VizieR Service (website: http://vizier.u-strasbg.fr/viz-bin/VizieR), database NASA/IPAC Extragalactic (website: http://nedwww.ipac.caltech.edu/), dan database astronomi SIMBAD (website: http://simbad.u-strasbg.fr/simbad/).
New General Catalogue (utawi ingkang asring dipuncekak NGC) inggih punika salah satunggaling jinis katalog astronomi ingkang misuwur wonten ing dunya astronomi. Katalog punika dipunsusun déning John Louis Emil Dreyer nalika taun 1888. Ngantos sapunika, NGC gadhah kirang langkung 7.840 objek ingkang misuwur kanthi sebatan objek NGC. Katalog punika inggih kalebet katalog ingkang paling komplit ingkang nyangkup sadaya jinis objek akasa, lan boten kawates wonten ing galaksi. Emil Dreyer ugi medalaken kalih seplemen ingkang misuwur kanthi sebatan Index Catalogues (utawi ingkang asring dipuncekak kanthi nama IC). IC ingkang sepisanan dipunwedalaken ing taun 1895 lan ngewrat kirang langkung 1.520 objek, déné IC ingkang kaping kalih dipunwedalaken ing anawispun taun 1908 lan ngewrat kirang langkung 3.866 objèk, saéngga totalipun wonten kirang langkung 5.386 objek IC. Objek ingkang wonten ing belahan langit sisih kidul kirang saged dipundamel katalog kanthi jangkep, sanajan sadaya objek kasebat sampun kathah dipuntingali déning John Herschel utawi James Dunlop. Kathah kalepatan ingkang wonten ing NGC, sanajan sampun wonten kupiya kanggé ndandosi katalog ingkang sampun dipunrinti déning proyek NGC/ IC sasampunipun wonten kupiya parsial kaliyan Revised New General Catalogue (RNGC) déning Sulentic lan Tifft ing taun 1973, lan NGC 2000.0 déning Sinnot ing taun 1988.
Galaksi NGC 4911 gadhah lengen spiral ingkang kecampur kaliyan lebu peteng, lan mbentuk golongan lintang ingkang énggal, ali- ali njawi ingkang katingal blabur, galaksi kerdil ingkang dados pendhampingipun, lan gugus bola kanthi lintang ingkang blabur. Cluster Coma ngewrat langkung saking 1000 galaksi ingkang dadosaken salah satunggaling objek ingkang paling ageng misuwur. NGC 4911 saged kapanggih wonten ing sisih kering ngandhap pusat cluster ageng. Galaksi NGC 4911 punika tebihipun kirang langkung 320 yuta taun cahya lan mapan wonten ing konstelasi Coma Berenices.[2] Galaksi NGC 4945 ukuranipun meh sami kaliyan ukuranipun galaksi Bimasekti ingkang katingal wonten ing cakram ingkang ngewrat lebu. Galaksi punika inggih gugus lintang enem ingkang wernanipun biru lan laladan damelipun ing lintang jambon. Tebihipun spiral NGC 4945 inggih punika kirang langkung 13 yuta taun cahya dhateng arah konstelasi Centaurus kidul ingkang ama sanger. NGC 4945 agengipun namung enem kali langkung ageng saking galaksi Andromeda, galaksi ngkang celak kaliyan Bima sakti. Wonten ing galaksi punika wonten emisi ènergi ingkang radi inggil lan ing pusatipun dipunkinten wonten bolongan ireng ingkang supermasif.[3]
{{cite book}}
|author=