Pratélan obyèk NGC 3001-4000 inggih punika salah satunggaling pratélan ingkang ngewrat Objèk NGC 3001-4000. Informasi ingkang kamot wonten ing tabèl punika dipunpendhet saking The Complete New General Catalogue and Index Catalogue of Nebulae and Star Clusters olèh J. L. E. Dreyer,[1] yang di akses melalui VizieR Service (website: http://vizier.u-strasbg.fr/viz-bin/VizieR), database NASA/IPAC Extragalactic (website: http://nedwww.ipac.caltech.edu/), dan database astronomi SIMBAD (website: http://simbad.u-strasbg.fr/simbad/).
New General Catalogue (utawi ingkang asring dipuncekak NGC) inggih punika salah satunggaling jinis katalog astronomi ingkang misuwur wonten ing dunya astronomi. Katalog punika dipunsusun déning John Louis Emil Dreyer nalika taun 1888. Ngantos sapunika, NGC gadhah kirang langkung 7.840 objek ingkang misuwur kanthi sebatan objek NGC. Katalog punika inggih kalebet katalog ingkang paling komplit ingkang nyangkup sadaya jinis objek akasa, lan boten kawates wonten ing galaksi. Emil Dreyer ugi medalaken kalih seplemen ingkang misuwur kanthi sebatan Index Catalogues (utawi ingkang asring dipuncekak kanthi nama IC). IC ingkang sepisanan dipunwedalaken ing taun 1895 lan ngewrat kirang langkung 1.520 objek, déné IC ingkang kaping kalih dipunwedalaken ing anawispun taun 1908 lan ngewrat kirang langkung 3.866 objèk, saéngga totalipun wonten kirang langkung 5.386 objek IC. Objek ingkang wonten ing belahan langit sisih kidul kirang saged dipundamel katalog kanthi jangkep, sanajan sadaya objek kasebat sampun kathah dipuntingali déning John Herschel utawi James Dunlop. Kathah kalepatan ingkang wonten ing NGC, sanajan sampun wonten kupiya kanggé ndandosi katalog ingkang sampun dipunrinti déning proyek NGC/ IC sasampunipun wonten kupiya parsial kaliyan Revised New General Catalogue (RNGC) déning Sulentic lan Tifft ing taun 1973, lan NGC 2000.0 déning Sinnot ing taun 1988.
Galaksi NGC 3190 punika kalebet anggota ingkan paling ageng saking Grup Hickson 44, ingkang ugi kalebet salah satunggaling golongan galaksi ingkang paling caket kaliyan golongan lokal galaksi Bimasekti. Galaksi NGC 3190 gadhah jarak 80 yuta taun cahya lan ngewrat wewengkon ingkang tebihipun kirang langkung 75.000 taun cahya lan katingal saking teleskop alit tumuju dhateng konstelasi Singa (Leo).[2] Galaksi NGC 3256 ingkang nedahaken filamen njlimet ingkang kapérang saking lebu peteng, buntut pasang surut ingkang boten biyasa saking bintang lan pusatipun ingkang aneh ingkang wosipun gadhah kalih wos ingkang béda. NGC 3256 inggih punika péranganing supercluster galaksi Hydra-Centaurus ageng ingkang gadhah amba langkung saking 100 èwu taun cahya lan mapan wonten ing tebih 100 yuta taun cahya saking bumi.[3]
{{cite book}}
|author=
{{cite journal}}