Pratélan objek NGC 1 - 1000 inggih punika salah satunggaling pratélan ingkang ngewrat objèk Objek NGC 1 - 1000.
Informasi ingkang kamot wonten ing tabel punika dipunpendhet saking The Complete New General Catalogue and Index Catalogue of Nebulae and Star Clusters olèh J. L. E. Dreyer,[1] yang di akses melalui VizieR Service (website: http://vizier.u-strasbg.fr/viz-bin/VizieR), database NASA/IPAC Extragalactic (website: http://nedwww.ipac.caltech.edu/), dan database astronomi SIMBAD (website: http://simbad.u-strasbg.fr/simbad/).
New General Catalogue (utawi ingkang asring dipuncekak NGC) inggih punika salah satunggaling jinis katalog astronomi ingkang misuwur wonten ing dunya astronomi. Katalog punika dipun susun déning John Louis Emil Dreyer nalika taun 1888. Ngantos sapunika, NGC gadhah kirang langkung 7.840 objek ingkang misuwur kanthi sebatan objek NGC. Katalog punika inggih kalebet katalog ingkang paling komplit ingkang nyangkup sadaya jinis objek akasa, lan boten kawates wonten ing galaksi. Emil Dreyer ugi medalaken kalih seplemen ingkang misuwur kanthi sebatan Index Catalogues (utawi ingkang asring dipuncekak kanthi nama IC). IC ingkang sepisanan dipunwedalaken ing taun 1895 lan ngewrat kirang langkung 1.520 objek, déné IC ingkang kaping kalih dipun wedalaken ing anawispun taun 1908 lan ngewrat kirang langkung 3.866 objèk, saéngga totalipun wonten kirang langkung 5.386 objek IC. Objek ingkang wonten ing belahan langit sisih kidul kirang saged dipundamel katalog kanthi jangkep, sanajan sadaya objèk kasebat sampun kathah dipuntingali déning John Herschel utawi James Dunlop. Kathah kalepatan ingkang wonten ing NGC, sanajan sampun wonten kupiya kanggé ndandosi katalog ingkang sampun dipunrinti déning proyek NGC/ IC sasampunipun wonten kupiya parsial kaliyan Revised New General Catalogue (RNGC) déning Sulentic lan Tifft ing taun 1973, lan NGC 2000.0 déning Sinnot ing taun 1988.
NGC 0001 inggih punika galaksi spiral ingkang dumunung ing 190 yuta taun cahaya ing rasi lintang pegasus. Kanthi dhiameter kirang langkung 90.000 taun cahaya, punika namung langkung sekedhik langkung alit saking galaksi bima sakti. NGC 0001 inggih punika objek ingkang kaping sapisan ingkang kecateht wonten ing New General Catalogue. Wonten ing koordinat ingkang dipunginakaken nalika kompilasi katalog punika, objek punika taksih gadhah asensio ingkang langkung andhap saking sadaya objek ingkang wonten ing katalog, saengga ingkang sapisan objek ingkang badhe kepratélan nalika objek punika dipun atur déning asensio rekta. Wiwit wekdal punika, koordinatipun sampun éwah, lan objek punika sampun boten gadhah malik hak kenaikan ingkang paling andhap saking sadaya bendha NGC ingkang wonten.[2]
{{cite book}}
|author=
{{cite journal}}