Cheng Ho(Hanzi tradhisional:鄭和, Hanzi prasaja: 郑和 , Hanyu Pinyin: Zhèng Hé, Wade-Giles: Cheng Ho; asma asli: 马三宝 Hanyu Pinyin: Ma Sanbao; asma Arab: Haji Mahmud Shams) (1371 - 1433),, punika satunggiling panjalajah Cinten ingkang ngayahi panjlajahan antawis taun 1405 ngantos 1433. Cheng Ho ugi naté dhateng ing tanah Jawi ngantos dumugi Afrika. Miturut cariyos-cariyos piyambakipun tiyang kedhi muslim, inggih punika tiyang ingkang dipunkebiri, tiyang kaprecadosan Kaisar Yongle saking Tiongkok (ingkang kuwaos taun 1403-1424).
Cheng Ho ngayahi èkspédhisi dhumateng sawatawis laladan ing Asia lan Afrika, antawisipun:
Amargi nganut agami Islam, para réncangipun sami sumerep manawi Cheng Ho péngin sanget minggah kaji dhateng Mekah sepertos ingkang sampun naté dipunayahi déning swargi ramanipun, nanging para arkéolog lan para ahli sajarah dèrèng gadhah bukti kiyat ngèngingi bab punika. Cheng Ho ngayahi èkspédisi paling sakedhik kaping pitu nganggé kapal armadanipun.
Cheng Ho mimpin pitu èkspédisi dhumateng panggénan ingkang kasebat déning tiyang Cinten Samodra Kilèn (Samodra Indonésia). Cheng Ho ngasta kathah bebungah lan langkung saking 30 utusan karajan rawuh ing Cinten - kalebet Raja Alagonakkara saking Sri Lanka, ingkang rawuh saperlu nyuwun pangapunten dhumateng Kaisar.
Armada iki terdiri saka 27.000 anak buah kapal an 307 (armada) kapal laut.