Anggun C. Sasmi
Anggun Cipta Sasmi (lair ing Jakarta, 29 April 1974; umur 51 taun).[1] Anggun iku salah sijiné penyanyi Indonesia kang saiki duwé kawarganegaran Prancis.[1] Anggun iku anak wadon saka Darto Singo, salah sijiné seniman Indonesia, lan Dien Herdina, salah sijiné wong wadon kang isih duwé katurunan Kraton Yogyakarta.[1] KarirAnggun C Sasmi miwiti kariré kanthi tampil ing panggung Ancol nalika umuré isih pitung taun.[1] Anggun banjur nduwé album dhéwé rong taun sawisé iku.[1] Anggun C Sasmi nggawé albumé kang sepisanan diéwangi musisi Ian Antono.[1] Album kang digawé Anggun C Sasmi iki judhulé Dunia Aku Punya lan digawé nalika taun 1986.[1] Jeneng Anggun C Sasmi banjur misuwur nalika nggawé single Mimpi ing taun 1989.[1] Nalika umuré isih enom, Anggun wis bisa dadi penyanyi rock ing Indonésia lan éntuk bebungah dadi Artis Indonesia Terpopuler 1990 - 1991.[1] Nalika taun 1994, Anggun C Sasmi lunga saka Indonésia kanggo minangka cita-citané dadi artis taraf internasional.[1] Kanthi diéwangi Erick Benzi, salah sijiné prodhuser gedhé ing Prancis, nalika taun 1997, Anggun C Sasmi bisa nggawé album internasional kang sepisanan.[1] Album iki judhulé Snow on the Sahara ing 33 nagara ing donya kalebu Amérikah Sarékat kang dadi baromoeter musik internasional.[1] Wiwit iku, Anggun bisa nggawé album internasional kang cacahé lima lan direkam ing multi-basa, mligi basa Inggris lan basa Prancis.[1] Anggun C Sasmi uga wis kolaborasi karo akèh artis ing mancanegara, kaya ta Julio Iglesias, Peter Gabriel, lan Pras Michel saka grup The Fugees.[1] Nalika Juni 1997, Anggun C Sasmi nggawé album kang sepisanan nganggo basa Prancis kang judhulé Au nom de la lune.[2] Ing taun 2010 Anggun C Sasmi main filem kang judhulé Ces Amours La. Film iku saliyané Anggun, diperanaké uga déning aktris-aktris internasional kaya ta Samuel Labarthe, Dominique Pinon, Jacky Ido, Gilles Lemaire, Judith Magre, Anouk Aimee, Zinedene Soulame, lan liya-liyané. DiskografiAlbum mawa basa Indonesia
Album mawa basa Prancis
Album mawa basa Inggris
Aliran musik kang dipilih Anggun saliyané pop ya iku hip hop.[4] Cathetan sikil
|